Kelonan Ning Kasur

Yah penyakit ku kumat maneh, la pie kok gak kumat maneh. La wong sak iki aku ning omah, mesti do rak ngerti omah ku, ya to? La wong aku urung kepikiran gawe utowo tuku omah kok (jiah gubrak). Lakok malah mbahas omah leh, mbalik maneng ning penyakit yo. Kelakuanku nek ning omah yo molor sak katok ke, la ngopo kok ngunu? La mumpung turu neng kasur, bantalan, ngeloni gulingan, selambunan (penangkal nyamuk), selimutan, lan sing paling penting ono sing nggugah pas saur. Lak aktris se iku ibuk dewek.

Sakjane nek saur ki aku sing tangi paling gasik lo, mboh ngopo dino iki aku kok tangi paling mbuncit hahaha (malu) sebab sedino wingi aku rak turu awan. Tapi akhire yo tangi kok, mboh sebab mengikuti sunah opo emang wedi rak kuat poso (ojo kondo-kondo lo). Tangine wae kelawan sempoyongan rak karuan, ngombe banyu segelas jarene leluhur ben sehat. Pas tekan mejo makan lakok nyawang ono sing ireng-ireng semu abang, eh lah dalah jebule ayam bakar. Mripat koyo kenek balsem “Mak Byar” ngunu.

Enak e meneh nek ning umah iku, sekabehane disiap karo ibuk 😕 Sakwuse njupuk mangan langsung cekel remot mestine, penyet-penyet tombole ganti-ganti chanel, arep ndlok opo jal? Arep dlok “Mamah Nori Curhat Dong” (jiah dlok an ne mbah-mbah) hahahaha. Rampung ndlok mama nori, sekitar jam 4 dlok “Omar, Umar bin Khatab” sing mesti mencet-mencet ikut remot karo tangan kiwo nyekeli semongko karo ngenteni Adzan Subuh.

Tinggalkan komentar